Rasa Tresna

Uncategorized 1 Comment »

Pancen tenan yen rasa tresna wis mlebu jroning dada, apa-apa dadi aneh rasane. Arep mangan tansah kelingan, arep numpak pit ujug-ujug kelingan, pokoke arep ngopo-ngopo wae tansah kelingan lan ora nduwe daya kanggo nolak kabeh kuwi mau.

Yen boso londone “Can’t help falling in love” utowo “Tulung, aku ketaman asmoro, ora iso diapa-apake”.

Nanging kepiye yen tresna kuwi mau ora iso diteruske amarga sebab-sebab misale sing ditresnani wis nduwe katresnan marang liyan, utowo yen aku wis nduwe kenya liya? Pancen gawe ngelu temenan.

Opera Gathering?

Uncategorized No Comments »

Bar moco tulisane Kang Sandal bab Opera Gathering kok ketoke apik, opo meneh ono gerombolan pegawai Opera sing arep teko, aduh dadi pengen melu. Senajan aku nganggo Firefox nanging jarene ora opo-opo yen melu teko, penak tenan ketoke.

Opo meneh acarane gratis tur malem minggu, melu ah!

Sirah ngelu

Uncategorized 1 Comment »

Wancine mangsa udan ngadepake mangsa ketiga, yen ora dijaga kanti tenanan awak bakal cepet loro. Biasane awak meriang terus sisuke umbel meler ra karuan marai isin yen ketemu uwong. Nanging kepiye maneh, mosok arep ngandang ning omah gur gara-gara loro pilek?

Biasane yen arep pilek koyo ngene, aku banjur tuku UC 1000 sak botol trus diombe sak glenggengan. Mbuh bener mbuh ora nanging jarene pitamin C kuwi iso nambahi daya tahan tubuh dadine penyakit sing lagi arep teka iso langsung lungo.

Angkringan Tugu Digusur Pemkot Jogja?

Uncategorized 2 Comments »

Wis antawis seminggu iki Angkringan Tugu ilang, amung kesisa gentong-gentong sing isih pating gelenter. Omah-omahan wis dibongkar kabeh tanpo siso.

Jarene kancaku, sedina sakdurunge dalan kuwi macet banget. Trus sisuke angkringan tugu karo warung-warung sekitare dibongkar karo Satpol PP. Resik!

Munyuk!

Angkringan kuwi wis ngadeg awit tahun 1957, lha kok saiki malah dibongkar. Sumangka angkringan kuwi wis dadi ikon-e Yogyakarta. Kopi joss sing legendaris kuwi saiki wis ilang, wis ora ono maneh.

Wedhus!

Bengsin mundhak maneh, munyuk tenan

Uncategorized 4 Comments »

Jan pemerintah ki gaweane mung guyon karo turu pas rapat. Lha ndisik jarene Pak Presiden ki bengsin ora bakal mundhak, e ndilalah iki ono berita yen bengsin arep mundhak maneh regane. Jan munyuk tenan.

Arep protes yo piye carane? Wong cilik ngene iki ora bakal dirungoake omongane. Arep demo ning ndalan yo tiwas kepanasan, iso-iso malah dadi gereh (iwak asin) sing kepepe karo keringetan. Arep mbengok yo mung ngganggu tanggane, arep mbedhil presiden kok yo ora nduwe bedhil.

Trus aku kudu piye?

Jarene simbah, dadi wong Jawa ki kudu nrima ing pandum. Ning yen andume ora adil ngene yo rasane pengen ngajak gelut. Ning sopo? Mosok aku arep ngajak gelut Pak Presiden? Sakliyane awake Pak Presiden gagah dhuwur ngono, aku yo wedi karo Paspampres. Yen aku dibedhil rak yo blaik tenan, ora iso mangan sego pecel maneh.

Pokoke wis ra ono gunane aku percoyo karo negara iki maneh. Negara mung gelem srawung karo rakyate yen pas urusan mbayar pajek. Yen pas sengsara negara ora pernah ngurusi, jan negara munyuk.

Ngenteni Ratu Adil? Halah, sopo maneh kuwi. Mending aku kerja sing sregep ben iso golek mangan kanggo awakku dewe tinimbang ngenteni tekane Ratu Adil sing ora jelas juntrungane kuwi.

Opo maneh aku yo ora bakal ujug-ujug mati cuma goro-goro negaraku ganti jeneng. Wis ta, pokoke kun fayakun wae, kabeh jalma urip iku wis ditanggung uripe karo Gusti Kang Makaryo Jakad, ora karo negara.

Bill Gates kemaki?

Uncategorized 5 Comments »

 malangkerik.jpg

Lagi wae bar moco tulisane Paklik Tyo bab Bill Gates sing foto kanti malang kerik nganggo batik. Jan ketok kemaki tenan.

Kudune sakdurunge nganggo batik Mas Bill menika kudu sinau tata krami jawi langkung rumiyin. Dadine ben ora malang kerik koyo mengkono kuwi.

Jane malang kerik yo ora opo-opo asal ning ngarepe anak buahe dewe, ora ning ngarepe wong-wong liya.

Nanging yen tak pikir maneh, ora opo-opo yen Mas Bill malangkerik koyo ngono.  Lha wong Mas Bill kuwi durung njawa, njur kepiye maneh?

Isuk-isuk ngumbahi klambi

Uncategorized 2 Comments »

Nasibe isih joko, isuk-isuk kudu ngumbahi klambi dewe. Sakjane yo ono laundry cedhak kost-ku nanging rasane males arep mlaku tekan panggon laundry mau. Rasane luwih kepenak ngumbah klambi dewe, iso tambah-tambah kringet :D

Ndilalah pewangi pakaian kok entek, asem tenan. Kapeksa ora nganggo pewangi, mambu apek-apek sithik ora masalah sing penting resik. Banjur kumbahan kuwi mau tak pepe ning lantai loro sing ono kawat pating crenthel kanggo nyampirke kumbahan.

Rampung ngumbahi mlebu kamar maneh, lha jebule isih nduwe pewangi siji ning lemari. Mosok arep tak jupuki meneh trus tak kum ning pewangi iki? Wegah ah, mending maca-maca blog wae :D

Blog Jawa

Uncategorized 23 Comments »

Wis pirang ndino iki aku maca blog sing mbahas utawa nguri-uri tentang basa lan budaya Jawa. Iki tak tulis wae loro sing aku ngerti. Bilih panjenengan pirsa sanesipun monggo ditambah wonten komentar ngandhap menika:

http://my.opera.com/suryagunawan/blog/
http://wiedjaya.wordpress.com/

Blog sing ongko loro kuwi ora nganggo Basa Jawa nanging tetep mbahas bab sejarah tanah Jawi khususipun lan sejarah Nuswantara umumipun.

Kudu Misuh

Uncategorized 3 Comments »

Ing dhuwur iku judul lagu sing disetel ning njero bis jurusan Solo isuk mau. Judule “Kudu Misuh”, ncritaake kahanan wong cilik sing sarwo susah.

Dadi tani susah amarga rega rabuk larang, banjur wus panen rega gabah anjlok. Banjur sawahe didol kanggo tuku montor kanggo omprengan/angkutan. Durung suwe ngompreng e lhadalah bensin mundhak regane, yen ongkos diunggahke penumpange protes.

Sidane ganti profesi maneh dadi bandar dadu. Gawean koyo ngono wae isih akeh alangane, dijaluki duit karo “keamanan” saben dina.

Apese awak, durung ana sing nombok malah wis ditodong duit keamanan. Bareng ora iso menehi akhire diseret mlebu bui telung sasi.

Sapa jal sing ora misuh yen nemu kahanan kaya ngono?

Ning ngisor iki versi asline lagu kui:

Yen nemu kahanan mengkono kuwi, Gusti Allah kiro-kiro melu misuh ora yo?

Sugeng siyang..

Uncategorized 1 Comment »

Sugeng siyang sedaya kemawon.

Dalem menika nembe mawit nge-blog. Bilih wonten klenta-klentu anyuwun pangapunten tur mugi Sampeyan paringi sangu awujud ilmu. 


WordPress Theme & Icons by N.Design Studio. Theme pack from WPMUDEV by Incsub.
Entries RSS Comments RSS Masuk log