Mei 10
Isuk-isuk ngumbahi klambi
Uncategorized 3 Comments »Nasibe isih joko, isuk-isuk kudu ngumbahi klambi dewe. Sakjane yo ono laundry cedhak kost-ku nanging rasane males arep mlaku tekan panggon laundry mau. Rasane luwih kepenak ngumbah klambi dewe, iso tambah-tambah kringet
Ndilalah pewangi pakaian kok entek, asem tenan. Kapeksa ora nganggo pewangi, mambu apek-apek sithik ora masalah sing penting resik. Banjur kumbahan kuwi mau tak pepe ning lantai loro sing ono kawat pating crenthel kanggo nyampirke kumbahan.
Rampung ngumbahi mlebu kamar maneh, lha jebule isih nduwe pewangi siji ning lemari. Mosok arep tak jupuki meneh trus tak kum ning pewangi iki? Wegah ah, mending maca-maca blog wae